Jowo Digowo Arab Digarap Barat Diruwat

Jamane wes mundak tuwo,
Akeh wong podo kakean pepeko,
Akeh sing podo ninggal ajarane wong tuwo,
Akeh wong pinter nanging ra manut aturan agomo,

Poro sederek sedoyo,
Wong urip iku lakone bedo bedo,
Ora isoh yen kabeh kudu podo,
Jarene simbahe wong jowo,
Deso mowo coro negoro mowo toto,

Budoyo jowo ojo podo ninggalno,
Laku lampahe kui kabeh wes ditoto,
Unggah ungguhing boso jowo kui mulyo,
Guneman karo kawulo mudo,
Corone bedo karo guneman kelawan wong tuwo,

Ora kudu kangmas mbakyu diganti akhy ukhty,
Ora kudu aku kowe diganti ana antum,
Arab kui digarab lewat laku lampahe agomo,
Ora kudu ganti budoyo seng wes ono,

Islam kui dadi panyampurno,
Ora ko dadi gantine budoyo,
Poro wali 9 wes nitahno naliko jaman semono,
Nanging ora ono budoyo jowo sing ditinggalno,

Semono ugo karo tinggalane walondo,
Bapak simbok ora usah diganti papah mamah,
Budoyo barat kudu diruwat,
Akeh budoyo barat sing kurang tepat,

Budoyo jowo saiki lagi sekarat,
Akeh wong podo nekat,
Jarene ora gaul yen untune ora dipager kawat,
Nanging podo bangga yen pakeane pating pecutat,

Katone klamben nanging sejatine kelewat,
Matane podo pating jelalat nalikane ono prawan lewat,
Mergane tampilane marai syahwat,
Yen digodo jarene keparat.

Postingan terkait:

Belum ada tanggapan untuk "Jowo Digowo Arab Digarap Barat Diruwat"

Posting Komentar