Manunggaling Kawulo Gusti


Manunggal iku podo ugo karo nyawiji. Yen coro boso Indonesia menyatu. Sopo wonge tau nyantri mesti reti opo kui Manunggaling Kawulo Gusti. Yo pancen bener iku salah siji seng jare.ne wong bien kui ajarane Syech Siti Jenar. Sopo to jane Syech Siti Jenar kui??
Njur opo to maksude Manunggaling Kawulo Gusti.

Sopo tau sinau sejarah Wali 9 yo mesti reti sopo sejatine Syech Siti Jenar. Syech Siti Jenar iku salah siji Habaib utowo putune Kanjeng Nabi Muhammad saw. Syech Siti Jenar iku salah sijine Wali seng melu nyebarke Agomo Islam inh tanah Jowo. Rikolo jaman semono, jaman iseh akeh wong Hindu lan wong Budho, Syech Siti Jenar utowo Syech Lemah Brit iku seng nyebarke Agomo langsung nang ilmu tasawuf.

Akeh wong seng ngarani ajarane Syech Lemah Brit iku ajaran sesat. Manunggaling Kawulo Gusti. Iku salah siji ajarane Syech Siti Jenar. Opo to sejatine seng dikarepake?? Rikolo jaman semono akeh seng maknani nyawijine kawulo mring Gustine. 

Lha kenopo manunggaling kawulo gusti biso den arani ajaran sesat? Sejatine manunggaling kawulo Gusti iku opo?? Opo yo biso ono kawulo ko nyawiji (menyatu) nang Gustine??

Mulo iku kanggone wong awam seng tembe sinau babagan Agomo iku diarani ajaran sesat. Ajaran seng bedo karo seng den ajarke saking poro Wali kang cacah'e enek 9. Sejatine ora kui seng dadi tujuane manunggaling kawulo gusti. 

Anane manungso iku isoh ninggal perkoro olo, anane wong iku isoh khusuk anggone ngibadah, anane wong iku isoh becik. Iku yo yen menungso kui mau wes isoh nglakoni opo seng diarani Manunggaling kawulo Gusti. Yen kawulo iku ngroso Gusti enek nang ati, opo kang tansah dilakoni iku mesti kelingan yen Gusti ora luput anggone ngawasi. Arep agawe olo yo mesti wurung yen sajroning ati tansah eling Gusti tansah ngawasi. Yo kui kurang luihe seng dikarepke karo syech Siti Jenar. Ora ko manungso wes nyatu marang Gustine njur biso sak karepe dewe anggone megawe.

Postingan terkait:

Belum ada tanggapan untuk "Manunggaling Kawulo Gusti"

Posting Komentar